wacanan soal 1-4 !
Surmimpen Ing Pojok Ati
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga Panandhang kang kudu dilimpahi,
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kenyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sinar suci,
Sih Ketresnan, rasa tentrem kang sumimpen,
Ing pojok ati,
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti,
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing gusti.
1. Tegese tembung Ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku .....
a. Surup
b. Awan
c. Sore
d. Bengi
e. Esuk
Jawaban : D. Bengi
2. Wos Surasane bait kaphindho yaiku .....
a. Tumindhak kang nalisir
b. Ngerteni kahanan kang endah
c. Donga marang gusti
d. Ora bisa kecukupan
e. Gegambaran ati kang kelara-lara
Jawaban : C. Donga marang gusti
3. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku .....
a. Ati kang serakah
b. Ati kang manteb
c. Ati kang kelegan
d. Ati kang bungah
e. Ati kang kelara-lara
Jawaban : B. Ati kang manteb
4. Wos surasane bait kapisan yaiku .....
a. Ora bisa kecukupan
b. Tumindak kang nalisir
c. Ngerteni kahanan kang endah
d. Gegambaran ati kang kelara-lara
e. Donga marang gusti
Jawaban : C. Ngerteni kahanan kang endah
Wacanan soal 5-10!
Umpamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi
5. babak bundhas anemahi ateges ......
a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
d. Yen kurang pangati-ati
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
Jawaban : B. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
6. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ......
a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
d. Yen kurang pangati-ati
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
Jawaban : C. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
7. Sayekti karendhet ing ri, apese kasandhung padhas ateges .....
a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
d. Yen kurang pangati-ati
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
Jawaban : A. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
8. Lamun kurang ing pangarah ateges .....
a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
d. Yen kurang pangati-ati
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
Jawaban : D. Yen kurang pangati-ati
9. Tembang ing dhuwur yaiku ......
a. Mijil
b. Megatruh
c. Maskumambang
d. Gambuh
e. Kinanthi
Jawaban : E. Kinanthi
10. Umpamane wong lumaku, marga gawat den liwati ateges .....
a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
d. Yen kurang pangati-ati
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
Jawaban : C. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
11. Tembung Kinanthi iku ateges .....
a. Ditonton
b. Dituntun
c. Tansah lengket
d. Diajak bareng
e. Dienggo kanca
Jawaban : B. Dituntun
12. Tembang kinanthi iku ana pirang gatra?
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
e. 10
Jawaban : A. 6
13. Guru wilangan lan guru lagu tembang kinanthi yaiku .....
a. 8u, 8e, 8i, 8a, 8i, 8a
b. 8i, 8u, 8u, 8a, 8i, 8a
c. 8a, 8e, 8i, 8a, 8i, 8a
d. 8a, 8i, 8a, 8a, 8i, 8a
e. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Jawaban : E. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
14. Tembang Kinanthi saben gatra ana ....
a. Wolung wanda
b. Sepuluh wanda
c. Pitung wanda
d. Sangang wanda
e. Enem wanda
Jawaban : E. Eenem wanda
15. Cacahing gatra saben sa padha, diarani .....
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru sastra
d. Guru basa
e. Guru wilangan
Jawaban : A. Guru gatra
16. Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kangg nyata utawa mungg lamunane pujangga yaiku .....
a. Himne
b. Balada
c. Romansa
d. Elegi
e. Epigram
Jawaban : B. Balada
17. Geguritan kang surasane babagan katresnan yaiku .....
a. Himne
b. Balada
c. Romansa
d. Elegi
e. Epigram
Jawaban : C. Romansa
18. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai urip kang becik lan bener kang ditulis khanti ringkes yaiku .....
a. Himne
b. Balada
c. Romansa
d. Elegi
e. Epigram
Jawaban : E. Epigram
19. Geguritan kang surasane pangalembana marangg Gusti Kang Mahakawasa yaiku .....
a. Himne
b. Balada
c. Romansa
d. Elegi
e. Epigram
Jawaban : A. Himne
20. Cacahing wanda saben sagatra, diarani .....
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru sastra
d. Guru basa
e. Guru wilangan
Jawaban : E. Guru wilangan
21. Tibaning swara ing pungkasaning gatra, diarani .....
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru sastra
d. Guru basa
e. Guru wilangan
Jawaban : B. Guru lagu
22. Seng dudu titikan geguritan klasik yaiku .....
a. Ngemot prastawa anyar
b. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih
c. Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit
d. Cacahing wanda saben gatrane padha
e. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut
Jawaban : B. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih
23. Gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane yaiku .....
a. Tema
b. Amanat/pitutur
c. Surasa
d. Perasaan/rasa pangrasa
e. Nada/irama
Jawaban : A. Tema
24. Sing dudu materi-materi kang wigati ing geguritan yaiku ....
a. Simbol-simbol
b. Gaya basa
c. Gambar-gambar
d. Irah-irahan geguritan
e. Tembung kunci
Jawaban : C. Gambar-gambar
25. Serat Wedhatama iku anggitane .....
a. KGPAA Pakualaman IV
b. KGPAA Mangkubumi
c. KGPAA Paku Buwono IV
d. KGPAA Suryamentaram
e. KGPAA Mangkunegara IV
Jawaban : E. KGPAA Mangkunegara IV